Tampilkan postingan dengan label Banyumasan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Banyumasan. Tampilkan semua postingan

Selasa, 16 November 2010

Gunung Slamet


Menurut ceritane wong tua, Gunung Slamet pancen mandan sejen/beda karo gunung-gunung liyane nang tlatah Jawa, Gunung Slamet pancen dudu gunung sing biasa didaki mung kanggo tujuan wisata/rekreasi, hobi utawa mung sekedar pengin naklukaken. Pendakian neng puncak Gunung Slamet biasane kanggo tujuan-tujuan khusus umpamane merga ana alesan spiritual, mulane pendaki-pendaki kudu nglengkapi syarat-syarate ndisit.

Sabtu, 30 Oktober 2010

Bangga Dadi Wong Ngapak

Ping bola bali aku ditakoni kanca-kanca MP, terutama sing wong jawa tapi jawa wetanan apa mandan ngalor. Kanca-kanca sok pada takon kaitane karo gaya basa sing tek nggo karo kanca-kanca. Sing gumun tok ana, sing malah lakak-lakak ana, sing nganggap perusuh ya ana.


Sing sering dadi sorotan kanca-kanca kuwe seringe masalah omongan sing jere saru tur ora sopan. Aku ya ora bisa nyalahna kanca sing duwe pikiran kaya kuwe, soale aku eling nek latar belakang budayane pancen beda.